Jumat, 13 Maret 2015

MATERI MENDONGENG CERITA ANAK DALAM BAHASA JAWA

Diposting oleh Unknown di 20.52




MATERI MENDONGENG CERITA ANAK DALAM BAHASA JAWA

Disusun untuk Memenuhi Tugas Mata Kuliah Bahasa Daerah
Dosen Pengampu: Subandi, M.Pd

 


Disusun oleh:  Kelompok II
Charis Adi Hilmawan                    (2013-33-071)
Ferdina Dwi Lestari                       (2013-33-081)
Nisa Adi Komala                            (2013-33-083)
Umi Rifaatul Mahmudah              (2013-33-087)
Ganda Noor Abdilah                     (2013-33-077)

Kelas B Semester IV

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MURIA KUDUS
2014
 
A.    Dongeng
Budhaya Jawa iku ora mung sugih pitutur, nanging uga sugih dongeng. Dongeng yaiku crita kang ora ana nyatane (khayalan) lan lumrahe kanggo ndhidhik bocah-bocah cilik, crita kang wis ana wiwit jaman kuna lan dituturake turun-tumurun tanpo ngertos sing ngarang asal-mulane.
Ciri-ciri dongeng yaiku:
1.      Migunakake alur kang sederhana.
2.      Ceritane singkat lan mlakune cepet.
3.      Karaktere tokoh ora dirincikno jelas.
4.      Sifate anonim (ora ono pengarange).
B.     Jenis-jenis Dongeng
Miturut jenise dongeng kaperang dadi 4, yaiku :
1.      Fabel / Dongeng Kewan yaiku crita kang paragane kewan kang nduweni tatacarane kaya manungsa.
Tuladha : Meri Kang Gawe Cilaka, Kancil Karo Si Gembong, lsp.
2.      Mite / Mitos yaiku crita kang isine bab kapercayaan marang alam ghaib.
Tuladha : Nyai Roro Kidul, lsp.
3.      Legenda yaiku crita rakyat saemper mite, nanging kang dicritakake manungsa kang nduweni kaluwihan, lan umume gegayutan karo dumadine panggonan.
Tuladha : Legenda Kutha Banyuwangi, Legenda Kutha Surabaya, Legenda Tangkuban Prahu, lsp.
4.      Sage yaiku crita rakyat kang nyitakake kepahlawaning manungso kang ngemu unsur-unsur sejarah.
Tuladha : Jaka Tingkir, Damarwulan, Amir Hamzah, lsp.
C.    Unsur Ing Dongeng
Ana ing sajroning dongeng ana unsur sing kang mbangun crita yaiku unsur intrinsik. Unsur intrinsik ing sajroning crita yaiku :
1.      Tema               : Temane apa, apa isih laras karo kaanan saiki.
2.      Tokoh              : Paraga sing ana ing jroning crita.
3.      Latar                : Kapan dumadine crita, papan dumadine crita.
4.      Konflik            : Masalah kang diadhepi paraga utama.
5.      Amanat           : Piwulang apa sing bisa dijupuk saka crita sing diwaca.



D.    Tatacara Mendongeng
1.      Migunakake tembung-tembung sing gampang dipahami.
2.      Migunakake intonasi suara kang pas.
3.      Migunakake mimik wajah kang pas.
4.      Bisa uga migunakake alat peraga kang gampang digunakake.
5.      Migunakake obahing tangan kang dipaske kaliyan suasana kang di critakake.



Tuladha
Tuladha Fabel
1.      Meri Kang Gawe Cilaka
Kacarita ing sapinggire desa ana sawijining pitik. Uripe sarwa kecukupan amarga sing ngingu seneng marang ingon-ingon. Saben esuk dipakani jagung, dene kuthuke dikepyuri menir. Si kuthuk rumangsa uripe enak kepenak. Urip diingu wong, mangan kari mangan, dolan kari dolan, turu kari bali ing kandhange. Wayah esuk kulawarga pitik metu saka kandhang. Si kutuk ngetutake babone, metu kandhang banjur mlaku-mlaku dolan. Dolane ora adoh-adoh, mung sakiwa tengene omahe.
Samangsa si kuthuk wis kesel mlaku, nuli ngaso sawatara. Ngasone ing ngisore awake babon, golek anget. Ana sing nangkring ing duwur gegere babon. Bareng wayah esuk gumanti dadi awan, hawane krasa panas sumelet.
“Panas-panas kaya ngene enake dolan menyang pinggir kali.” Clathune kuthuk mbarep marang adhi-adhine.
“Arep dolan menyang pinggir kali? Aja-aja dolan mrana-mrana!” Pamenginge si babon marang anak-anake.
“Lha ngapa kok ora oleh?” Si Khutuk miterang.
“Ora ilok le, pokoke kowe manut bae karo aku.”
“Arep deleng kali saka kadohan bae kok Bon.” Ucape kuthuk ngarepe babon.
“Ya takparengake, ning sing ati-ati ya, aja kumawani dolanan banyu” mengkono anggone si babon aweh piwelingan.
Sawise ing cedhak kali kuthuk-kuthuk weruh si meri lagi enak-enak ciblon ing tengah kali. Banyune katon anteng, bening lan seger. Meri lagi nglangi mrana-mrene. Sikile ipik-ipik ing banyu. Sanajan nyilam nyilem awake meri ora teles. Weruh solah bawane meri sing sarwa nyenengake ati banjur tuwuh rasa irine si kuthuk, banjur ngajak-ngajak marang adhi-adhine.
“Ayo podha adus kali. Kepenak panas-panas ngene ciblon ing banyu sing bening kae.”
“Ah, aku wedi kan durung tau adus ing kali. Mengko yen kelep piye?” Wangsulane si kuthuk ragil.
“Rasah wedi-wedi yen kelep ya kari njumbul. Tenang bae kan ana aku. Dene adhi-adhine manthuk-manthuk nyarujuki panemune kakange. Nalika arep njegur kali, dumadakan si babon teka.
“Aja le, aja! Aja tiru-tiru si meri. Kowe kabeh ora keno iri marang kabisane si meri. Kabeh titah ing ngalam donya iki wis diparingi kabisan dhewe-dhewe dening Gusti Allah SWT” Si babon nerangake.
Dikandhani si babon, kuthuk-kuthuk padha manthuk-manthuk, ora ana sing wani mbantah.
“Wis ya Le, kowe daktinggal ndisik, ibu arep nemoni bapakmu, ana sing perlu dirembug.” Si babon mungkasi celathu.
Mangga-mangga bu, “Swarane kuthuk muni bebarengan. Sapungkure babon lunga, kuthuk mbarep ora nuruti si babon. Dheweke pancen wangkal.
Dheweke nyoba njegur ing kali, adhi-adhine ora ana sing wani menggak amarga wedi dithothol. Byuurrrr…kecipik-kecipik. Awake pancen bisa kumambang, nanging amarga cekere ora keno kanggo ngibeki banyu, dheweke malah katut ilining banyu, adhi-adhine panic lan padha pating crowet bingung. Krungu swara pating crowet saka pinggir kali, si babon marani sumbere swara.
“Aja-aja anak-anakku dipangan lingsang.” Batine si babon. Langsung bae si babon makjranthal mlayu banter.
Tekan pinggir kali “ Ana apa? Ana apa? Ana apa, Le?” Si kuthuk ragil karo nangis matur.
“Anu, anu bu. Wau si mbarep nglangi nanging banjur katut ilining toya, trus ical.”
Si babon mung bisa nangis senggrukan awit banget gelane ora bisa aweh pitulungan marang anake. Banjur kewetu ucape, “O alah Le, Le. Kowe kok ora manut-manut marang dawuhe ibu. Coba yen manut.” Si babon ora neruske omonge mergo wis ora kuwat ngampah perihe ati ditinggal anak kang banget ditresnani.

Amanat :
Ing donyo aja ngasi meri marang kabisane wong liyo. Sukuri apa sing wis di paringake Gusti Ingkang Kuasa marang awake dhewe, lan dadi anak aja mbantah pituture wong tua marang dhewe, luwih-luwih pituture ibu.

2.      Kancil Karo Si Gembong (Gembong Nyemplung Sumur)
Ing sawijining alas kang dikuwasani Macan Tutul. Bareng Macan Tutul mati, sing nggenteni dhampar kalungguhane anake sing diarani Gembong. Gembong iku watak wantune beda banget karo bapake sing jembar segarane, seneng ngayomi, gawe senenge kewan alas liyane. Gembong iku macan sing adigang adigung, senengane ngendelake kekuwatane, karosane lan panguwasane. Bareng wis dadi ratuning alas, kabeh penjaluke kudu dituruti. Yen ana sing nglawan bakal dipateni.
Gembong nggawe pranatan, kanggo mangane saben minggu, kabeh kewan ing alas iku kudu setor panganan marang ratune. Yen gilirane bangsa sapi ya setor sapi, yen bangsa kidang ya setor kidang. Kahanane alas dadi sepi. Akeh kewan sing padha ngungsi amarga wedi. Apamaneh yen lagi tekan ing gilirane. Bih, turu ora bisa turu, arep metu golek pangan ati sarwa wedi.
  “Cil, Aku tulungana. Atiku sumpeg lan bingung, tansah ketir-ketir ora bisa jenak. Ing omah bingung, metu saka leng tansah was sumelang,” mengkono layange Truwelu marang Kancil. Pancen minggu iki gilirane Truwelu kudu setor marang ratune. Pikirane wis judheg, mula banjur gawe layang marang Kancil, senajan durung gelem blaka apa satemene kang kedaden.
“Ana apa ta, Lu. Aku dadi bingung karo kowe ki. Wingi kirim layang jare atimu kari samenir. Saiki bareng taktakoni, kok malah padha meneng bae. Ora gelem kandha apa-apa. Malah kae akeh sing padha mewek,” kandhane Kancil rada mangkel, sebabe truwelu-truwelu iku padha meneng bae. Ora ana sing blaka suta, malah akeh sing padha mingseg-mingseg.
“Hik..hik…Hu..huu... huuuaaaa! Piye iki Cil. Tulungana bangsaku ya, Cil,” kaya bendhungan jebol, tangise ambrol. Sebab sing tuwa nangis, truwelu sing cilik-cilik ya padha melu nangis, mbrebegi kuping. Kabeh padha mewek karo nyebek-nyebek, elek banget.
“Haaa, haaa, haaa.. hua, haaa,  haaa! Jabang bayiik! Woalah Lu..Lu. lha kok lucu ta kowe kuwi. Rupamu kuwi wis elek. Lha kok malah anak bojomu mbok jak mewek kabeh.. wo alah..alah..” Kancil ngguyu kekelen, nganti senep wetenge.
Krungu Kancil nangis, tambah banter tangise Truwelu, sebab rumangsa Kancil ora gelem mitulungi. Kancil dianggep mung arep ngenyek bae.
“Husst! Meneng! Nek ora padha meneng, tak tinggal mulih, lo!” cep klakep  kaya orong-orong kepidak, tangis sing mbrebegi kuping mau mandheg. Sepi mamring.
“Wis saiki kandha, aku ora nduwe wektu akeh. Aku ana undhangan ing liya panggonan!”
Akhire Truwelu crita blaka suta, yen minggu iku gilirane setor rakyate marang Gembong. Nanging ora mentala, arep nyerahake awake dhewe, kok wedi karo kukune macan sing lincip-lincip iku.
“Woalah..alah.. iku ta perkarane. Wis ngene bae. Sapa sing kokpilih ora dadi masalah. Mengko takgolekake carane. Sesuk sakdurunge budhal ing kratone Gembong, mampira omahku. Mengko taktuduhi carane,” kandhane Kancil nglegakake atine Truwelu.
Sesuke si Plangka, anake Truwelu sing paling kendel lan landhep pikire budhal menyang kratone Gembong. Ora lali banjur mampir ing omahe Kancil. Tekan omahe Kancil banjur dikandhani carane bisa uwal saka Gembong. Ora mung iku bae nanging uga kepengin melehake Gembong sing sapa sira sapa ingsun, adigang lan adigung iku.
Sauntara iku si Gembong lagi lungguh jegrang ing ngarep omahe sadhuwure jurang. Bola-bali ndeleng dalan, sedhela-sedhela ngremesi wetenge sing wis nginthir-inthir njaluk isi. Hmmwwwoooah.. bola-bali gerone gawe giris wedi kewan-kewan sing kerungu.
“Tulung..tulung Pak Gembong..” Plangka ngagetake si Gembong. Rasa luwe sing mau ditahan sakala kaya ilang. Apamaneh weruh si Plangka sing wulune pating gedhuwal, kaya mari kerah. Awake beset-beset gudras getih.
“Hmmwwwoooaaah..! ngaget-ngageti bae! Ora weruh ratumu lagi luwe.. Hmmwwwoooaaah..!”
“Ngapunten, Pak.. kula diutus Bapak.. setor awak kula niki. Kalih sedherek kula..”
“Hmmwwwoooaaah..! lha endi..dulurmu?”
“Ngaten, Pak Mbong. Wau kula tiyang sekawan. Lemu ginuk-ginuk, mesthi eca nek didamel sate. Teng tengah dalan, dicegat kalih si Gembing. Macan sekti, sing terose sedulur sampeyan. Kula saged mlajeng, ning sedulur kula..hik..hik..”
“Hmmwwwoooaaah..! sapa iku Gembing?!”
“Sanjange sedulur kembar Sampeyan. Niki nek Sampeyan badhe nadhah kula, sumangga. Ning nggih gluprut cakar kalih getih awak kula,”
“Hmmwwwoooaaah..! ora sudi! Luweku ilang, ngerti! Aku ora nduwe sedulur kembar. Aku ki anak tunggal saka Bapak Macan Tutul. .. Hmmwwwoooaaah..!” manas ati si Gembing iku.
“Lho, Sampeyan ajeng napa? Nglawan.. wah empun, Pak! Si Gembing niku siyunge mingis-mingis, kukune dawa boten nate dikethoki, playune buanter.. sumbare si Gembing ngeten.. Endi ratumu Gembong sing bodho lan seneng umuk kae. Dakkremus-kremuse nek nganti maju rene!”
“Hmmwwwoooaaah..! kowe malah ngelokna aku! Wis aja kakehan rembug. Terna aku marang si Gembing,” kaya dikilani dhadhane Gembong, krungu tembunge Plangka sing ngabangake kuping iku.
Akhire si Gembong manut karo si Plangka. Tekan sumur tengah bulak si Plangka mandheg sajak wedi.
“Hmmwwwoooaaah..! Endi Ka? Kowe kok kaya wedi ki piye? Ana aku, aja kuwatir!”
Si Plangka nuding nang jero sumur. Ning terus ethok-ethok wedi lan nggandhuli buntute si Gembong. Amarga krasa keri lan risi, matane mendeliki si Plangka. Gembong ngungak ing jero sumur. Banyu sing bening iku dadi kaca pangilo. Gembong gero, sing nang jero sumur ya gero. Gembong ngisis siyunge sing nang jero sumur mengkono uga.
“Hmmwwwoooaaah..! mati kowe !” kandhane Gembong karo nubruk ayang-ayang ing jero sumur sing jeru iku.
Byuuoorr ! macan gedhe iku kecemplung sumur. Plangka batine surak seneng. Ora suwe Kancil karo kewan-kewan liyane padha teka. Gembong bengak-bengok sebab ora bisa mentas. Njaluk sepura karo kabeh kewan. Ora bakal sombong lan angkuh. Ora bakal ngandelake dumeh gedhene, lan dumeh kuwasane.

Amanat :
Ngadepi musuh kang luwih digdaya kudu migunakake akal tinimbang okol.

Tuladha Mite
1.      Nyai Roro Kidul
Ana sawijining wektu nalikane Kerajaan Pajajaran kanti Raja Prabu Siliwangi anduweni cerita kang mbungahake marang sekabehe wae kang pada sinau bab sejarah Prabu Siliwangi. Raja ana ing tlatah Pajajaran iku ora mung nduweni permaisuri ananging ugo nduweni selir kanti cacah 7 wanita kang ayu.
Singkat cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah wadon kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang tegese wong wadon kang ayu (wanita yang cantik jelita).
Sawise Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih marang sepodho-podho banjur para selir ngroso iri lan wedhi yen piyambake pada kasisihna saka welasane Prabu Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada rerembugan kanggo anggawe ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita.
Putri Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para selir Prabu Siliwangi kanthi wujud loro kulit ana ing sekabeh awak lan rai. Ana ing pengaruh sihir para selir ugo Prabu Siliwangi akhire ngusir Putri Lara Kadita lan Ibune saka keraton Kerajaan Pajajaran mergo kuwatir yen penyakit Lara Kadita lan Ibune dadi nyebar lan nular ana ing tlatah keraton.
Ana ing crita Putro Lara Kandita lan ibune ninggalake Kerajaan Pajajaran. Ana ing kahanan iki, Putri Lara Kadita lan ibu tindak tanpa ana tujuan kang jelas. Diceritakake permaisuri kapundut Gusti Ingkang Kuasa ana ing pengembaraan, sawentara Putri Lara Kadita nglanjutake lakune menyang sisih kidul nganti teka menyang gunung ing pinggir segoro. Amarga kesel banget, Putri Lara Kadita ngaso lan keuron ana ing gunung pinggiran segoro.
Wektu tilem piyambakipun ngimpi ketemu karo "Wong suci" sing maringi pitutur supaya putri ngresiki awake dening nyemplung menyang segara kanggo njaluk marasake awake saka penyakit, ugo mulihake rupa ayune, saha kanggo nduweni kekuatan ampuh kanggo males wong kang anggawa uripe dheweke sengsara kaya mengkono.
Nalika tangi, tanpa mangu Putri Lara Kadita Langsung ambyur menyang tengah segoro kanti ombak kang gedhe, lan nglelebke nganti dhasar saka Segoro Kidul. Ngimpi dadi kasunyatan. Saliyane mbalek maneh fisik ayune, Putri Lara Kadita uga diwenehi kakuwasan adikodrati lan pati. Nanging, putri kudu tetep mbaureksa ana Segoro Kidul. Wiwit iku banjur diarani minangka Nyi Roro Kidul dumugi nganti tumeka saiki.

Amanat :
Aja iri marang wong liyo, lan Sabar ingkang ngadepi cobo sangking Gusti Ingkang Kuasa.

Tuladha Legenda
1.      Legenda Kutha Surabaya
Ing Jaman semana garwa prameswari Majapahit (garwane prabu Brawijaya) nalika siram ing taman bebarengan karo para sisihane panggedhe Majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit geger. Prabu Brawijaya banjur ngutus Sungging Prabengkara nggoleki garwane sang prabu. Ing tengan dalan sungging dipethuki Nabi Khudur lan diparinggi katranan yen Prameswari Majapahit mau wis seda dishusta dening iwak sura lan baya.
Iwak sura lan baya nalika andhusta Prameswari Majapahit mau apengawak manungsa, Nabi Khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-larahane dene wong loro mau andhusta lan mateni Prameswari Majapahit nalika didangu dening Nabi Khidir kekarone padha banjur tutuh-tinutuh awit padha ora rumangsa dosa, jalaran anggone mateni Prameswari mau saperlu mung kanggo lebong weteng.
Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni Prameswari Majapahit kuwi iwak sura (dene baya mung melu ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosane sakteruse banjur tuwuh pancakara antarane iwak sura karo baya. Perange iwak sura karo baya ora ana ing dharatan nanging ing kali. Kaya mangkono trajange sura lan baya anggone pdha gelut. Loro-lorone padha kuwate, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Wong loro padha keket olehe gelut saengga awor dadi siji. Wusanane, amarga wis ginaris dening sing gawe urip, sura lan baya banjur musna tanpa lari.
Sakmusnane sura lan baya, Ratu Jenggala tumendhak ing sapinggire bengawan. Sri Naranata andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong-wong mau padha ana ing sapinggire bengawan. Kahanan kang kaya mangkono iku Sri Naranata banjur ngendika, “mbesuk yen ana rejang jaman papan kene bakal takjenengake SURABAYA.”

Amanat :
Sapa anggone wong kang gawe luput, mula kudu wani ngakoni.

2.      Legenda Kutha Banyuwangi
Ing jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang Raja  lan Permaisuri ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun.
Wonten sawijining dinten, Raja  nduwe pangangkah kesah datheng ngalas konjuk berburu menjangan utawi sangsam. Raja  banjur bidhal kanti rencangi para pengawale.
Saksampune dangu wonten ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah sanget nalika ningali Raja  kondur.
Permaisuri caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wonten tami saking keraton sanes. Nanging nalikaning Raja  badhe memoni tamu punika, dumadakan Raja  mireng menawi tamu kesebat akrab sanget dening Permaisuri. Kedadean menika anggawe Raja  duka uga cemburu lan nuduh Permaisuri sampun selingkuh kaliyan tamu punika. Permaisuri mitadosaken Raja  menawi punika mboten leres.
Nanging Raja tetap mboten percaya marang Permaisuri. Sinambi nangis banjir eluh Permaisuri criyos: “Rama, kula kersa mbuktikaken menawi kula mboten salah, Kula badhe nyemplung wonten kali wingking keraton, menawi mangke toya kali punika mambu busuk, nandake tuduhan Rama dateng kula menika leres. Nanging, menawi toya kali punika wangi, nandake tuduhan dening kula mboten leres, “wilujeng tilar Rama”. Sakwise kedadean kesebat, kali ing sak wingkinge keraton mambu wangi. Sangking kedadean niku kali panggen tilaripun Permaisuri punika dipunsukani nami “BANYUWANGI”.

Amanat :
Ojo nuduh marang wong liya tanpa ana buktine.

Tuladha Sage
1.      Jaka Tingkir
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka Tingkir banjur meguru marang  Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.
Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan.
Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.
Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
Amanat
Yen nduwe janji kudu ditetepi. Yen salah kudu wani ngakoni. Yen nduwe sifat ala kudu diubah.

Note :
Dongeng terdiri dari beberapa jenis. Menurut Thomson yang dikutip Danandjaja (2007: 86), “Jenis-jenis dongeng ke dalam empat golongan besar yakni. (1) dongeng binatang (animal tales), (2) dongeng biasa (ordinary folktales), (3) lelucon dan anekdot (jokes and anecdotes), (4) dongeng berumus (formula tales)”.
Danandjaja (2007: 86), “ Dongeng binatang adalah dongeng yang ditokohi binatang peliharaan dan binatang liar, seperti binatang menyusui, burung, binatang melata (reptilia), ikan, dan serangga. Binatang-binatang itu dalam cerita jenis ini dapat berbicara dan berakal budi seperti manusia”.
Danandjaja (2007: 98), “Dongeng biasa adalah jenis dongeng yang ditokohi manusia dan biasanya adalah kisah suka duka seorang”. Di Indonesia dongeng biasa yang paling populer adalah yang bertipe Cinderella. Dongeng biasa yang bertipe Cinderella di Indonesia ada banyak. Di Jawa Tengah dan Jawa Timur misalnya adalah dongeng Ande-ande Lumut dan Si Melati dan Si Kecubung, di Jakarta Bawang Putih dan Bawang merah, dan di Bali I Kesuna Ian I Bawang.

0 komentar:

Posting Komentar

 

Senyum Terbaikqu Karena Pesan Sukses Darimu Copyright © 2010 Designed by Ipietoon Blogger Template Sponsored by Online Shop Vector by Artshare